RadarURL
Posted by : Wiwik and Setyawan Mei 17, 2013


          Umume wong ngadake pertunjukan nang panggonan umum utawa lapangan. Tapi ora koyo warga ning Nganjuk sing biasane gelar tontonan wayang ning tengah kuburan. Acara wayang iku sak liyane wes dadi tradisine wong nganjuk pas Suro tapi sengojo digelar gawe ngehormati arwah leluhur kang wis disarekake.
          Senajan pertunjukan wayang kang di gelar ing kuburan kang wes dadi tradisi budoyo ne wong Nganjuk iku Cuma sak klemit penonton’e nanging tiap taun tetep digelar. Alasane sakliyone kangge ngehibur kang isih urip nanging yo luwih di tunjukne gawe leluhur kang wes disarekake.
          Wayang Timplong podo karo wayang kulit sing sak suwene iki dikenal masayarakat Nganjuk. Wayang Timplong yoiku wayang kang bahane soko kayu lan music gamelane uga luwih sederhana (gong, kenong, kendang lan gambang).
Layare kangge pementasan uga dibolongi tengahe karo para tokohe wayang timplong. Wayang timplong di prediksi wes muncul kaetan jaman kerajaan Kediri.
          Crito-crito ing wayang timplong uga bedo karo wayang kulit kang seneng yritakae crito-crito tokoh soko India. Wayang timplong nyritaake tokoh-tokoh pewayangan kerajaan ing jawa timur koyo kerajaan Kediri lan kerajaan mojopahit.
Contoh jeneng tokoh pewayangan wayang timplong koyo to Pujangga Anom, Kencono Wulan, Panji Asmoro Bangun, Dewi Sekartaji, Lembu Amiseno, lan sapanunggalane.
          Wayang Timplong kang dadi budaya asline nganju iki uga wes dadi barang langka lan arang di pentasake ing umum karo warga masyarakat nganjuk. Sak iki wayang timplong among di gelar ing acara-acara tradisi koyo to Syuro’an, lan nyadranan.
          Wayang timplong kang wes dadi budaya langka asli kabupaten Nganjuk iki perlu dilestareake kangge generasi muda kang ora lali marang budayane dewe. Pemerintah kudu luwih merhate’ake perkembangan budaya ing nganjuk. Ojo nganti budaya ne dewe iki di klaim marang wong lyo koto budaya-budaya Indonesia liyane.

Bila ada tambahan atau hal yang ingin ditanyakan mengenai artikel ini bisa langsung komentar di bawah.... Thanks....

Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © 2013 Wibawa-Source - Setyawan Evolution - Powered by Blogger - Original by Johanes Djogan - Redesign by Setyawan Umar -